Kamis, 13 Februari 2014

TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA RAPAT PEMUDA

TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA RAPAT PEMUDA
 Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Rapat Pemuda



Naskah ini ditulis sebagai contoh yang dapat digunakan oleh siapapun yang merasa membutuhkan. Dalam contoh ini masih dimungkinkan untuk diubah dalam pengertian ditambah dan atau dikurangi oleh calon pengacara. Ini berarti bahwa kalimat-kalimat dalam naskah ini merupakan contoh saja dan bukan sesuatu yang paten.
Baik. Agar Anda lebih jelas, berikut ini saya contohkan apa yang dapat diungkapkan dan diucapkan oleh seorang pranatacara berbahasa Jawa. Saya umpamakan acara yang sedang dilaksanakan adalah berupa :
1.      Rapat / pertemuan pemuda
2.      Dihadiri oleh tokoh masyarakat (kalangan tua, orang tua pria-wanita), angkatan muda pria-wanita, pejabat lokal (misalnya Dukuh, Ketua RW, Ketua RT) yang mayoritas beragama Islam
3.      Pembawa acara / pranatacara beragama Islam


Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Assholaatu was-salaamu’alaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin. Syayyidinaa wa maulana muhammadin wa’alaa alihi wa shohbihi aj-ma’iin. Amma ba’d.

Catatan :

1.      Contoh salam pembuka ini hanya boleh diucapkan’digunakan apabila pembawa acara / pranatacara adalah seorang Muslim.
2.      Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam tetapi mayoritas yang hadir bukan muslim, sebaiknya salam pembuka ini tidak digunakan.
3.      Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa digunakan kalimat : “Mugi sih wilasaning Gusti ingkang Maha Peparing tansah kajiwa lan kasarira dhateng panjenengan sedaya dalasan kula” (atau menggunakan kalimat lain yang intinya memanjatkan do’a kepada Tuhan Yang Maha Esa), kemudian diteruskan dengan kalimat di bawah ini.
Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh ……, Bapak Ketua RW ….. menapa dene Bapak Ketua RT…… ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan …… ingkang tansah kula hormati. Mboten kesupen dhumateng para kanca pengurus …………..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing sak lebeting gesang kemasyarakatan.
Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani laksitaning adicara ing titiwanci punika.
Anamung sak derengipun, murih ing samangke sageta jumbuh menapa ingkang dados wigatining pepanggiha menika, keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karantam, ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara ingkang angka sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur pam bagyaharja saking Ketua …….. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh……………….. Adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang samangke lampahing adicara musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua…………… Paripurnaning adicara musyawarah, kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun sawetawis atur saking pengurus. Wondene adicara ingkang angka enem minangka pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.
Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula dhereaken.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua ……………. Ingkang menika dhumateng sedherek Ketua ….kasumanggaaken.

=====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)=====

Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken denening sedherek ……………………. Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh …………………… Dhumateng Bapak Dukuh …………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=====(setelah Sambutan Dukuh selesai)=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh……………….. ingkang sampun kepareng paring pangandikan, ingkang sedaya pangandikan kala wau minangka pambombong lan pambimbing tumrap pengurus saha anggota ………..(nama organisasi) ing tlatah Pedukuhan ………………..
Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci menika, inggih adicara Musyawarah. Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun kula aturaken dhateng sedherek Ketua ………..(nama organisasi). Dhumateng sedherek …….. (nama Ketua)kasumanggaaken.

=====(setelah jalannya musyawarah selesai)=====

Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Sampun paripurna adicara musyawarah ing titiwanci menika lan saestu sampun pinanggih rembag ingkang gumathok minangka paugeraning pakaryan utawi kegiatan ingkang badhe sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.
Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka gangsal, sawetawis atur saking pengurus ingkang badhe kaaturaken dening sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek sekretaris, wekdal kasumanggaaken.

=====(setelah sekretaris selesai menyampaikan)=====

Mekaten sawetawis atur saking sedherek sekretaris, mugi ndadosna kawigatosan dhumateng para anggota lan minggahipun dhumateng sedaya para lenggah.
Para Bapak sumrambah para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, titi laksananing adicara pepanggihan ing wekdal punika wiwit purwa, madya dumugi wusananing pepanggihan sampun lumampah kathi wilujeng nir ing sambekala. Minangka panutuping adicara, sumangga adicara ing titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. ……. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin…

Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken lampahing adicara, inggih minangka jejering pranatacara kathah atur ingkang kirang nuju prana menapa dena tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu kanthi andhap asoring manah kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun aguning pangapunten.
Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Sabtu, 08 Februari 2014

The Legend of Trunojoya and Klenting Kuning

THE LEGEND OF TRUNOJOYO AND KLETING KUNING

            Long long time ago, in era of Mataram Kingdom, there was a young man called Trunojoyo. He was a strong and loyal man. He was also a commander of Mataram soldiers. The Dutch’s soldiers were bigger than Trunojoyo’s. it made the Trunojoyo’s troops be pushed and dispresed. He did not know what whould happen to his man, but he hope that his man were secure.
“ we need more man. Let’s find some men in that village. Where are we now?”, asked Trunojoyo ti one of his men.
“we are still in the east of kediri , sir”. Answered one of Trunojoyo men.
            It was very hot. Trunojoyo and his loyal men took a rest in the little house. The house inhabited by an old widow and her daughter. Trunojoyo was surprised, the old widow had beautiful daughter.
“who is she?”, asked Trunojoyo to the old widow.
“she’s myonly daughter. Her name was Kleting Kuning. Her father was died when she was five”, the old widow answered.
            The next morning, Trunojoyo left the old widow’s house and move to the east. He had a state duty, but he could not concentrate on his duty because he still imagined the beauty of Klenting Kuning. He want to marry her.
“klenting Kuning I want to marry you, I hope you want to marry my”, asked Trunojoyo.
“no, sir. I’m afraid I can’t. I still to be alone”, Klenting Kuning answered softly.
            Each Trunojoyo asked Klenting Kuning always refuse. Finally, Trunojoyo really angry. He held Klenting Kuning’s hand tighly and Klenting Kuning try to escape from Trunojoyo. She bit Trunojoyo’ hand and mananged to escape for him. She kept running quickly to the west until she found a large river. It was river Brantas. Klenting Kuningnplunged into the river. Not long after, the villagers came and burid soon. Many people today still remember and tell the legend.

THE END