Kamis, 16 Juli 2020

PRANATA ADICARA SYAWALAN

PRANATA ADICARA

Assalaamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillaah robbil ‘alamin.

Washolatu wassalamu a’la ashrofil ambiyya iwal mursalim,wa’ala alihi washohbihi aj mai’n,amma ba’ du.

Wonten ngarsanipun sesepuh pini sepuh ingkang pantes nampi sagunging pakurmatan, wonten ngarsanipun para alim ulowo ingkang pantes luhur ing budi. Kaum muslimin rokhimakumulloh mugi keparengno kawulo sumela matur. Wonten ngarsapanjenengan se doyo. Hananging sak derengipun, kawula ha ngaturaken menggah urut reroncening hadi cara Syawalan injing punika, langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng ngonjok aken puji lan syukur kanjuk ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring rachmah, lan hidayah tuwin inayah. Saingga kita saget kempal wonten ing papan puniko nun injih Masjid ................

Kaum muslim rachmakulullah. Kula bade angaturaken menggah urut reroncining adi cara ing kelenggahan puniko.

Adicara ingkang:

Ongko satunggal : pambuko

Ongko kalih : sambutan panitia/takmir

Ongko tigo : sambutan aturipun muda/mudi

Ongko sekawan : sambutan Ibu Dukuh wakil tiyang sepuh soho ikraripun

Ongko Gangsal panutup.

·        Pramilo sumangga adicara syawalan injing punika kita bikak kanti maos Basmallah

·       

        Ngancik adicara ongko kalih,

Sambutan panitya/ takmir Masjid Attaqorub. Badepun saliran, panjenenganipu, Bapak ............... Wekdal soho papan kawulo aturaken.

·        

        Angancik adi cara ongko tigo. Atur sambutan saking kadang muda/mudi bade pun selirani mas/mbak ......................... wekdal kulo aturaken.

·       

        Adicara ongko sekawan. Mugi keparenga Ibu/Bapak ............... minangko wakil tiyang sepuh. Kalajengaken ichror.

Mekaten lampahing adi cara Syawalan injing puniko, mbok bilih kula khatah klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Monggo kito tutup lampahipun adi cara puniko kanthi waosan hamdallah.

Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.



0 komentar:

Posting Komentar