PRANATA ADICARA
Assalaamu’alaikum
Wr. Wb.
Alhamdulillaah
robbil ‘alamin.
Washolatu
wassalamu a’la ashrofil ambiyya iwal mursalim,wa’ala alihi washohbihi aj mai’n,amma
ba’ du.
Wonten ngarsanipun
sesepuh pini sepuh ingkang pantes nampi sagunging pakurmatan, wonten
ngarsanipun para alim ulowo ingkang pantes luhur ing budi. Kaum muslimin
rokhimakumulloh mugi keparengno kawulo sumela matur. Wonten ngarsapanjenengan
se doyo. Hananging sak derengipun, kawula ha ngaturaken menggah urut
reroncening hadi cara Syawalan injing punika, langkung rumiyin sumangga kita
sareng-sareng ngonjok aken puji lan syukur kanjuk ngarsa dalem Allah SWT.
Ingkang sampun paring rachmah, lan hidayah tuwin inayah. Saingga kita saget kempal
wonten ing papan puniko nun injih Masjid ................
Kaum muslim
rachmakulullah. Kula bade angaturaken menggah urut reroncining adi cara ing
kelenggahan puniko.
Adicara ingkang:
Ongko satunggal : pambuko
Ongko kalih : sambutan panitia/takmir
Ongko tigo : sambutan
aturipun muda/mudi
Ongko sekawan : sambutan
Ibu Dukuh wakil tiyang sepuh soho ikraripun
Ongko Gangsal panutup.
·
Pramilo sumangga
adicara syawalan injing punika kita bikak kanti maos Basmallah
·
Ngancik adicara
ongko kalih,
Sambutan
panitya/ takmir Masjid Attaqorub. Badepun saliran, panjenenganipu, Bapak ............... Wekdal soho papan kawulo aturaken.
·
Angancik adi cara
ongko tigo. Atur sambutan saking kadang muda/mudi bade pun selirani mas/mbak ......................... wekdal kulo aturaken.
·
Adicara ongko sekawan. Mugi keparenga Ibu/Bapak ............... minangko wakil tiyang sepuh. Kalajengaken ichror.
Mekaten
lampahing adi cara Syawalan injing puniko, mbok bilih kula khatah
klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Monggo kito
tutup lampahipun adi cara puniko kanthi waosan hamdallah.
Wassalaamu’alaikum
Wr. Wb.