TEKS PRANATACARA
BAHASA JAWA ACARA RAPAT PEMUDA
Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa
Acara Rapat Pemuda
Naskah ini ditulis sebagai contoh yang dapat digunakan
oleh siapapun yang merasa membutuhkan. Dalam contoh ini masih dimungkinkan
untuk diubah dalam pengertian ditambah dan atau dikurangi oleh calon pengacara.
Ini berarti bahwa kalimat-kalimat dalam naskah ini merupakan contoh saja dan
bukan sesuatu yang paten.
Baik. Agar Anda lebih jelas, berikut ini
saya contohkan apa yang dapat diungkapkan dan diucapkan oleh seorang
pranatacara berbahasa Jawa. Saya umpamakan acara yang sedang dilaksanakan
adalah berupa :
2.
Dihadiri oleh tokoh masyarakat (kalangan tua, orang
tua pria-wanita), angkatan muda pria-wanita, pejabat lokal (misalnya Dukuh,
Ketua RW, Ketua RT) yang mayoritas beragama Islam
3.
Pembawa acara / pranatacara beragama Islam
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Assholaatu was-salaamu’alaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin. Syayyidinaa wa
maulana muhammadin wa’alaa alihi wa shohbihi aj-ma’iin. Amma ba’d.
Catatan :
1.
Contoh salam pembuka ini hanya boleh
diucapkan’digunakan apabila pembawa acara / pranatacara adalah seorang Muslim.
2.
Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam
tetapi mayoritas yang hadir bukan muslim, sebaiknya salam pembuka ini tidak
digunakan.
3.
Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa
digunakan kalimat : “Mugi sih wilasaning Gusti ingkang Maha Peparing tansah
kajiwa lan kasarira dhateng panjenengan sedaya dalasan kula” (atau menggunakan
kalimat lain yang intinya memanjatkan do’a kepada Tuhan Yang Maha Esa),
kemudian diteruskan dengan kalimat di bawah ini.
Dhumateng ngarsanipun para pepundhen,
para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes pinundhi. Para pangemban
pangembating praja satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh
……, Bapak Ketua RW ….. menapa dene Bapak Ketua RT…… ingkang tuhu kinabekten.
Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan …… ingkang
tansah kula hormati. Mboten kesupen dhumateng para kanca pengurus …………..(nama
organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing sak lebeting
gesang kemasyarakatan.
Langkung rumiyin keparenga kula ingkang
piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika, nyuwun
lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan
nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani laksitaning
adicara ing titiwanci punika.
Anamung sak derengipun, murih ing
samangke sageta jumbuh menapa ingkang dados wigatining pepanggiha menika,
keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun
karantam, ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara ingkang angka
sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur pam
bagyaharja saking Ketua …….. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, Pangandikan
saking Bapak Dukuh……………….. Adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining
pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang samangke lampahing adicara
musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua…………… Paripurnaning adicara
musyawarah, kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun
sawetawis atur saking pengurus. Wondene adicara ingkang angka enem minangka
pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.
Para bapak, para ibu saha para sedehrek
sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci
punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga kita
purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula dhereaken.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih,
atur pambagyaharja saking Ketua ……………. Ingkang menika dhumateng sedherek Ketua
….kasumanggaaken.
=====(setelah pambagyaharja dari ketua
selesai)=====
Mekaten manggah atur pambagyaharja
ingkang sampun kaaturaken denening sedherek ……………………. Kalajengaken adicara
ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh …………………… Dhumateng Bapak
Dukuh …………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
=====(setelah Sambutan Dukuh
selesai)=====
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng
panjenenganipun Bapak Dukuh……………….. ingkang sampun kepareng paring pangandikan,
ingkang sedaya pangandikan kala wau minangka pambombong lan pambimbing tumrap
pengurus saha anggota ………..(nama organisasi) ing tlatah Pedukuhan
………………..
Para Bapak, para ibu saha para sedherek
sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara ingkang angka sekawan, minangka
wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci menika, inggih adicara Musyawarah.
Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun kula aturaken dhateng
sedherek Ketua ………..(nama organisasi). Dhumateng sedherek
…….. (nama Ketua)kasumanggaaken.
=====(setelah jalannya musyawarah
selesai)=====
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Sampun
paripurna adicara musyawarah ing titiwanci menika lan saestu sampun pinanggih
rembag ingkang gumathok minangka paugeraning pakaryan utawi kegiatan ingkang
badhe sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
ndungkap adicara ingkang angka gangsal, sawetawis atur saking pengurus ingkang
badhe kaaturaken dening sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek sekretaris,
wekdal kasumanggaaken.
=====(setelah sekretaris selesai
menyampaikan)=====
Mekaten sawetawis atur saking sedherek
sekretaris, mugi ndadosna kawigatosan dhumateng para anggota lan minggahipun
dhumateng sedaya para lenggah.
Para Bapak sumrambah para Ibu saha para
sedherek sedaya ingkang kinurmatan, titi laksananing adicara pepanggihan ing
wekdal punika wiwit purwa, madya dumugi wusananing pepanggihan sampun lumampah
kathi wilujeng nir ing sambekala. Minangka panutuping adicara, sumangga adicara
ing titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. …….
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin…
Para lenggah ingkang kinurmatan, ing
mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken lampahing adicara, inggih minangka
jejering pranatacara kathah atur ingkang kirang nuju prana menapa dena
tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu kanthi andhap asoring manah
kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun aguning pangapunten.
Wusana, wassalaamu;alaikum
warahmatullaahi wabarakaatuhu.
0 komentar:
Posting Komentar